Minggu, 01 April 2012

Malaikat Ngadajil

Ngadajil sawijing makhluk kang ora katon dening mripat,Ing layang salasilah wayang mawa carita karangane Bpk Ki Padmo sukoco disebutake bangsane malaikat,kang kaya wis nate cinarito nggoda lan ngapusi 
Bathara Nur Cahyo .Manut panemune penulis ,malaikat iku ana kang bisa diutus dening pangeran,umpamane malaikat jibril,kang tansah manut sarta mituhu dhawuhing gusti kang maha kawasa.,kang kasampiran tugas niti priksa lakuning titah.
Nanging malaikat ngadajil duweni sifat kang seje,sanadyan duwe kaluwihan kang ngedap-ngedapi ,nanging kabeh panggawene mung bakal njomprongake titahe pangeran tumuju marang jurang kasengsaran.
nadyan katone gumebyar endah edi peni nengsemake lan mencutake,nanging pakartine ngadajil kuwi kabeh sulapan kang ateges palsu
    Kasunyatan tinemu nalikane sangyang Nur Cahya ketemu malaikat ngadajil ing tuking kali Nil.Dheweke ngerti yen pangeran kang maha wikan kurang kurang rena marang pakartine Ngaddajil.,Sanadyan kang cinepto dadi .Mula gawe rekadaya supaya titah pujangkara padha gelema manembah marang Dheweke.Nuli memba-memba kaya Pandhita kang pinuju olah tapa. Ing sarehne kagunan wayang wis dadi pandoming wong jawa kang padha ulah kautaman,mula lelakone Ngadajil anggone nggoda Sanghyang Nurcahyo iku bisa kapundut sarine,kinaryo lelimbangane ngaurip.Umpamane nalika Sanghyang Sita ya Sanghyang Sis pinaringan garwa dening pangeran ,Dewi Mulat minangka jodhone ,Ngadajil bisa malsu.Anakke wadon kang aran Diajah dimalihake putri endahing warna kang ora geseh karo Dewi Mulat,banjur digawa ono Kahyangane Sanghyang Sis. Sawise Dewi Mulat kang sejati dialing-alingi ,kang dikatonakke malihane Diajah,Sanghyang Sis datan nglegewa lamun kuwi dudu,prandene uga bisa klakon apulang asmoro nganti nggarbeni.
    Sawise kuwi dudu Dewi Mulat kang sejati lagi dikatonake .Selagine leluhuri para dewa wae bisa diapusi dening Ngadajil,apamaneh putrane yaa Sanghyang Nurcahyo. Kabeh iku saka nggone nggaduh daya linuwih kang ngedap-ngedapi. Pancen Sanghyang Nurcahyo kagungan klangenan nenepi menyang alas lan pagunungan ,gua malah nggone ngalaya jagad nganti wewengkon ngambalah(ing buku Jitab sara diarani alas Keling )..
    Lah kuwi wiwitane Sanghyang NurCahyo antuk guru pandhita malihane Ngadajil.Panjenegane banjur meguru pandhita mau,klakon antuk piwulang warna-warna kang ndadekake Panjenengane Sanghyang Nurcahyo pitoyo ,lan kesengsem banjur tumungkul marang sang Pinandhita. Diwulang iso ngilang, bisa mabur, ambles bumi uga bisa mlebu sorote damar lan uga iso mancala putra mancala putri. Sawise mutus anggone meguru ,nuli kondur ing Kusniyamaleban lan ora lawas Nabi Adam seda.
    Ing kono Sanghyang Nurcahyo nuli kagungan penggalih , " Kanjeng Eyang Adam kok bisa seda,mangka yuswane lagi sangang atus sangang puluh warsa.ora wurung mengkone rama lan ibu uga seda,yen aku isih manut agama lan carane kanjeng eyang,rama lan ibu ora wurung yaa podo wae .Yen ngono aku bakal ngupadi ngelmu kang njalari ora bisa lara lan mati ". Kanthi tekad kang pengkuh Sanghyang Nurcahyo nuli tindak lelana maneh.Muga kawuningana ,ing sarehne Panjenengane Sanghyang Nurcahyo wis nampi kaluwihan piwulang Ngadajil,meksa durung trima,kongsi kagungan gegayuhan ora kersa nandang lara lan pati. Yen sesepuh ngandika bakal ngambah alam " TRIMURTI " : urip, lair, mati.
    Mangka yen ora kersa mati ,ateges nyalahi kodrat ,ora rumangsa dadi titahing Gusti. Sanadyan panjenengane Sanghyang Nurcahyo uga antuk guru kang njalari ngerti basane Jim,setan sarto kewan ,isih nggayuh ngelmu kang marahake ora bisa mati. Bareng ketemu Haruta lan Haruti banjur diguroni lan nyuwun supaya dituduhake Swargo lan Neroko ,Rehne Haruta lan Haruti iku dewa kang kasiku ing Hyang Giripati ,Hyang Nurcahyo dijomprongake yen nggone Swargo lan Neroko kuwi ono ing Tuking kali Nil.
    Tekan tuking kali Nil bisa ketemu putra Adam kang akekasih Lata Walujya,banjur Sanhyang Nurcahyo diparingi ngelmu " bisa persa lelakon sadurunge dumadi " .Ing kono kasaru ana suara kang nguwuh asmane,nuli di goleki jebul ono pandhita tapa ono ing njero geni yakuwi panjelmane Ngadajil uga nuli diguroni ,awit saguh nuuduhake Swargo,diparingi sesotya gambarane swargo,terus didawuhi mlebu.
   Ing njero sesotya pirsa Swargo lan Neroko sak isine.Yaa wiwit iku pitoyo yen pandhita mau Pangeraning bumi,mula bareng dingendikani yen sarirane bakal dipanjingi pandhita mau nuli Ngandika " Nurcahyo,yen ingsun wus manjing ing sariranira ,sira wenang angaku yen wujude Pangeran wus aneng sira ". 
Rahayune nuli menyang pulo Dewa ketemu marang Prabu Nurradi,nadyan Jim nanging manembah marang Pangeran. yaa Prabu Nurradi kang bangkit melehake yen Nurcahyo dudu Pangeran. Banjur dijodohake karo Dewi Nurrini . " Nur = Pepadhanging Gusti  Rini = Wadon , ketemu wadon kang sejati ,kang ngerti manembah mareng Gusti.Ing kono Sanghyang Nurcahyo nuli nggenggono keblasuk marang Gumebyar ,nanging dudu kang sejati.Suka Penggalihe Sanghyang Nurcahyo bisa bali mring kahanan kang sejati,
Sejatine titah kang pana lan sejatine Gusti kang Wasa.

                                                                                                                     Naskah : Ki Nayantaka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar