Jumat, 06 April 2012

RADEN PURU

Raden Puru putrane Prabu Jayati ingkang Wuragil ,patutan karo Dewi Sarmistha..Putrane Prabu Jayati Pandawa Lima kang ateges lima kakung kabeh,kang miyos saka Dewayani loro Yaiku Yadu lan Tarwasu.Dene kang saka Dewi Sarmistha ana telu yaiku Drahu ,Anu lan Puru.ya warujune iku kang tembe kuwawi anggenteni palenggahanipun Prabu Jayati kepriye dene putra kakung lima teka wuragile ingkang wenang gumanti Keprabon.....Caritane Mangkene Nalika prabu Jayati ketemu lan banjur nggarwa Dewi Dewayani,maharsi Sukra darbe panyuwun aja nganti Sang Prabu gaawe larane ati Dewayani...Nanging bareng wis dadi garwa Prameswari Dewi Dewayani nuli nggarbeni,yaa ing kene kuwi banjur thukul rekadayane Dewi Sarmistha mikat penggalihe Prabu Jayati..bisane kagungan putra...Mula nuli matur akeh-akeh bab wewarah suci ,yen narendra kuwi kena nindakkake Dora patang prakara.. 1. Dora wektu guyon 2.Dora kanggo ngenakkake tyasa wanita 3. Dora kanggo ngoncati bebaya gede 4. Dora kango ngawekani kasangsaran kang tekane dadakan.... Prabu Jayati nuli ndangu " Sarmistha mangka ingsun wus sumpah karo Resi Sukra yen aku ora bakal nindakkake dosa awit nrajang pepacu " Dewi Sarmistha matur " kala wau sampun kula aturaken dosa sekawan prakawis ingkang katindaaken dening narendra ingkang saged lepas saking kalepatan....dados menawi paduka minangkani panyuwun kula menika ,mboten dosa sinuhun " ...Kanti pamilutane Dewi Sarmistha sang Prabu Jayati luluh penggalihe,mula babar pisan nuli malbeng palengganing Dewi Sarmistha minangkani ing panyuwun...Kekarone padha karem apulang asmara,..mangkono nganti sawatar warsa,kang satemah banjur kagungan putra telu : Drahu, Anu lan Puru ..ya Raden Puru iki kang satemene kuwawa nampani waris jumeneng Ratu..pasuryane bagus,tulus penggalihe lahir lan batine, setya ing sudarma,welas asih marang sasama..........bersambung..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar