Jumat, 13 April 2012
sambungan .....Raden Puru..jilid III
Prabu Jayati ngrerepa minta aksama ,nanging wis kasep.
Parandene Maharsi Sukra uga nuli welas,awit sejatine sang Prabu nelakake yen isih tresna marang Dewi Dewayani.Mahrsi SUkra mrayoga ake supaya liron raga karo putrane,yaa salah siji putra kang gelem liron raga kuwi kang ing tembe bangkit gumanti kapraboning nata.
Kacarita saka mandi sore sang Maharsi Sukra ,sanalika Prabu Jayati jompo ora biso mlaku,rambute putih,kulite kisut mengkerut,mula nuli kondur menyang praja.sawise pasatemon lan dewi sarmistha ingkang banjur welas marang sang prabu.para putra nuli katimbalan,sarta nuli ngendika bab sedyane nedya liron raga lawan para putra-putrane.Ing sekawit putra kekarone kang patutan karo Dewi Dewayani yaiku Yadu lan Tarwasu.Putra sekarone nora gelem awet wis nedheng dewasa Jaka Tumaruna,lan kepingin kaya salumrahing taruna dewasa.Sabanjure nuli nimbali Dewi Sarmista lan putrane telu pisan,Dewi Sarmista mrayugaake supaya putrane ana kang gelem minangkani pamundhute ingkang romo.
"Angger Drahu,Anu lan Siro Puru,welasa marang romomu kang satuhune isih kepingin nuruti karsane nggone dadi mudha, kepriye ngger....?
Drahu lan Anu pada matur yen mapa,sahrene kadange ora ana kang saguh,Puru nuli matur:
"Dhuh kangjeng rama,manawi paduka badhe ngersak aken jasad kula ingkan nedheng tumaruna punika,sumangga."
Prabu Jayati nelakake gedhening panarimane,mula nuli melengake ciptane minta marang Maharasi Sukra nggone bakal liron raga karo Raden Puru.Bareng wis salin raga taruna tur bagus ,nuli mbaleni Dewi Dewayani lan nerusake nggone lelangen uga karo Dewi Sarmistha nganti puluhan warsa,bareng wis tuwuk nuli nimbali Raden Puru,
: " Banget gedhening panarimaku ngger Puru,saiki genti raganira ingsun balekake,rama wis trima ,ya wiwit iki sira gumantiya jumeneng Ratu mukti Wibawa.
TAMAT
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar