Rabu, 11 April 2012
sambungan...Raden Puru
Kacarita nuju sawijineng dina saawise sepuluh taun dadi garwane Prabu Jayati,..Dewi Dewayani kangen karo Dewi Sarmistha,mula vbanjur ayuwun ameng-ameng bebarengan mampir ana patunggone Dewi Sarmistha...Bareng tekan kono Dewi Dewayani kaget wuningo bocah telu dolanan ing taman patenggane Dewi Sarmistha ,dasar lucu tur bagus-bagus kang pasuryane ora geseh sarambut kaliyan pasuryane sang Prabu ...Tur bareng wuninga sang Prabu rawuh,bocah telu mau ngrangkul ampeyan sarta ngaras jengkune (ngambung dengkule) Prabu Jayati.
Thukul jubriyani sang Dewi Dewayani nanging ora wani matur marang kang garwa, banjur ndangu marang Dewi Sarmistha,kang dinangu matur yen iku putrane patutan karo Prabu Jayati...Dewi Dewayani nuli matur marang sang prabu, " Sinuwun ,paduka sampun adamel kasangsayaning manah kulo,yen makaten kulo badhe wangsul dateng padhepokan
sapuniko " .Prabu Jayati ora bisa ngendika manoni kang mbukak wewadine maunangin bareng kemutan,nuli nututi Dewi Dewayani,menyang Padhepokane maharsi Sukra.Sapraptane ing Padhepokan ,Dewi Dewayani banjur kasusul rawuhe Prabu Jayati,kekarone nuli prasojo ngaturake prastawa kang mentas padha linakon,
Maharsi Sukra matur marang mantune
" Sinuwun jengandika salulut kaliyan Dewi Sarmistha punika nerak wewaler kula,Upami saderengipun karonsih lan Sarmistha jengandika kersa paring sumerep datheng kula,puniko mboten dosa,nanging rehne jengandika sampun nerak wewale kula,andika badhe jompo dadakan "..............bersambung.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar