Dennur organizer
by.Den Nur Cahyo
Senin, 16 Juli 2012
Sabtu, 02 Juni 2012
KHASIAT DAUN SIRIH(Suruh)
Dinegeri kita sirih paling banyak digunakan untuk makan sirih bersama-sama dengan pinang,gambir dan kapur,(kalo orang jawa menyebutnya " Nginang ".
Konon dengan makan sirih secara teratur gigi menjadi lebih kuat dan tidak mudah retak maupun tanggal...
Sirih paling terkenal sebagai obat mimisan yaitu hidung berdarah.
Untuk itu satu dua lembar daun sirih digulung sebesar jari ,lalu disumbatkan pada lubang hidung.
Sakit gigi pun sering diobati dengan cara berkumur rendaman daun sirih dalam air hangat.berkumur dengan rendaman daun sirih juga berkhasiat menghilangkan bau hawa mulut yang tak sedap karena gigi rusak
Obat batuk yang kini dijual dalam kemasan botolpun banyak yang terbuat dari sari daun sirih.Untuk mengobati batuk rejan,beberapa lembar daun sirih dan daun jinten ditambah kapulaga dan kayu manis ,semuanya direbus dengan air dan diminum pada waktu -waktu tertentu.
Penyakit-penyakit lain yang biasa diobati dengan ramuan daun sirih umpamanya bisul,pegal linu,gusi bengkak,pusing kepala,dan radang tenggorokan.
Senin, 16 April 2012
PRABU BALADEWA
Prabu BalaDewa adalah raja dari kerajaan Mandura,sebelum jadi raja bernama Kakrasana atau Wesi Jaladara.
Ayahandanya bernama Prabu Basudewa.Prabu Baladewa memiliki senjata bernama Alugara yang sangat ampuh.
Ia mendapatkan beberapa nama dari para dewa.....
Nama-nama itu ialah : Basukyana,Balarama,Kusuma Wilikita dan Alayuda.
Prabu Baladewa memihak pada Kurawa,musuh Pandawa.
Jumat, 13 April 2012
sambungan .....Raden Puru..jilid III
Prabu Jayati ngrerepa minta aksama ,nanging wis kasep.
Parandene Maharsi Sukra uga nuli welas,awit sejatine sang Prabu nelakake yen isih tresna marang Dewi Dewayani.Mahrsi SUkra mrayoga ake supaya liron raga karo putrane,yaa salah siji putra kang gelem liron raga kuwi kang ing tembe bangkit gumanti kapraboning nata.
Kacarita saka mandi sore sang Maharsi Sukra ,sanalika Prabu Jayati jompo ora biso mlaku,rambute putih,kulite kisut mengkerut,mula nuli kondur menyang praja.sawise pasatemon lan dewi sarmistha ingkang banjur welas marang sang prabu.para putra nuli katimbalan,sarta nuli ngendika bab sedyane nedya liron raga lawan para putra-putrane.Ing sekawit putra kekarone kang patutan karo Dewi Dewayani yaiku Yadu lan Tarwasu.Putra sekarone nora gelem awet wis nedheng dewasa Jaka Tumaruna,lan kepingin kaya salumrahing taruna dewasa.Sabanjure nuli nimbali Dewi Sarmista lan putrane telu pisan,Dewi Sarmista mrayugaake supaya putrane ana kang gelem minangkani pamundhute ingkang romo.
"Angger Drahu,Anu lan Siro Puru,welasa marang romomu kang satuhune isih kepingin nuruti karsane nggone dadi mudha, kepriye ngger....?
Drahu lan Anu pada matur yen mapa,sahrene kadange ora ana kang saguh,Puru nuli matur:
"Dhuh kangjeng rama,manawi paduka badhe ngersak aken jasad kula ingkan nedheng tumaruna punika,sumangga."
Prabu Jayati nelakake gedhening panarimane,mula nuli melengake ciptane minta marang Maharasi Sukra nggone bakal liron raga karo Raden Puru.Bareng wis salin raga taruna tur bagus ,nuli mbaleni Dewi Dewayani lan nerusake nggone lelangen uga karo Dewi Sarmistha nganti puluhan warsa,bareng wis tuwuk nuli nimbali Raden Puru,
: " Banget gedhening panarimaku ngger Puru,saiki genti raganira ingsun balekake,rama wis trima ,ya wiwit iki sira gumantiya jumeneng Ratu mukti Wibawa.
TAMAT
Rabu, 11 April 2012
sambungan...Raden Puru
Kacarita nuju sawijineng dina saawise sepuluh taun dadi garwane Prabu Jayati,..Dewi Dewayani kangen karo Dewi Sarmistha,mula vbanjur ayuwun ameng-ameng bebarengan mampir ana patunggone Dewi Sarmistha...Bareng tekan kono Dewi Dewayani kaget wuningo bocah telu dolanan ing taman patenggane Dewi Sarmistha ,dasar lucu tur bagus-bagus kang pasuryane ora geseh sarambut kaliyan pasuryane sang Prabu ...Tur bareng wuninga sang Prabu rawuh,bocah telu mau ngrangkul ampeyan sarta ngaras jengkune (ngambung dengkule) Prabu Jayati.
Thukul jubriyani sang Dewi Dewayani nanging ora wani matur marang kang garwa, banjur ndangu marang Dewi Sarmistha,kang dinangu matur yen iku putrane patutan karo Prabu Jayati...Dewi Dewayani nuli matur marang sang prabu, " Sinuwun ,paduka sampun adamel kasangsayaning manah kulo,yen makaten kulo badhe wangsul dateng padhepokan
sapuniko " .Prabu Jayati ora bisa ngendika manoni kang mbukak wewadine maunangin bareng kemutan,nuli nututi Dewi Dewayani,menyang Padhepokane maharsi Sukra.Sapraptane ing Padhepokan ,Dewi Dewayani banjur kasusul rawuhe Prabu Jayati,kekarone nuli prasojo ngaturake prastawa kang mentas padha linakon,
Maharsi Sukra matur marang mantune
" Sinuwun jengandika salulut kaliyan Dewi Sarmistha punika nerak wewaler kula,Upami saderengipun karonsih lan Sarmistha jengandika kersa paring sumerep datheng kula,puniko mboten dosa,nanging rehne jengandika sampun nerak wewale kula,andika badhe jompo dadakan "..............bersambung.
Jumat, 06 April 2012
RADEN PURU
Raden Puru putrane Prabu Jayati ingkang Wuragil ,patutan karo Dewi Sarmistha..Putrane Prabu Jayati Pandawa Lima kang ateges lima kakung kabeh,kang miyos saka Dewayani loro Yaiku Yadu lan Tarwasu.Dene kang saka Dewi Sarmistha ana telu yaiku Drahu ,Anu lan Puru.ya warujune iku kang tembe kuwawi anggenteni palenggahanipun Prabu Jayati
kepriye dene putra kakung lima teka wuragile ingkang wenang gumanti Keprabon.....Caritane Mangkene
Nalika prabu Jayati ketemu lan banjur nggarwa Dewi Dewayani,maharsi Sukra darbe panyuwun aja nganti Sang Prabu gaawe larane ati Dewayani...Nanging bareng wis dadi garwa Prameswari Dewi Dewayani nuli nggarbeni,yaa ing kene kuwi banjur thukul rekadayane Dewi Sarmistha mikat penggalihe Prabu Jayati..bisane kagungan putra...Mula nuli matur akeh-akeh bab wewarah suci ,yen narendra kuwi kena nindakkake Dora patang prakara..
1. Dora wektu guyon 2.Dora kanggo ngenakkake tyasa wanita 3. Dora kanggo ngoncati bebaya gede 4. Dora kango ngawekani kasangsaran kang tekane dadakan....
Prabu Jayati nuli ndangu " Sarmistha mangka ingsun wus sumpah karo Resi Sukra yen aku ora bakal nindakkake dosa awit nrajang pepacu "
Dewi Sarmistha matur " kala wau sampun kula aturaken dosa sekawan prakawis ingkang katindaaken dening narendra ingkang saged lepas saking kalepatan....dados menawi paduka minangkani panyuwun kula menika ,mboten dosa sinuhun " ...Kanti pamilutane Dewi Sarmistha sang Prabu Jayati luluh penggalihe,mula babar pisan nuli malbeng palengganing Dewi Sarmistha minangkani ing panyuwun...Kekarone padha karem apulang asmara,..mangkono nganti sawatar warsa,kang satemah banjur kagungan putra telu : Drahu, Anu lan Puru ..ya Raden Puru iki kang satemene kuwawa nampani waris jumeneng Ratu..pasuryane bagus,tulus penggalihe lahir lan batine, setya ing sudarma,welas asih marang sasama..........bersambung..
Minggu, 01 April 2012
Malaikat Ngadajil
Ngadajil sawijing makhluk kang ora katon dening mripat,Ing layang salasilah wayang mawa carita karangane Bpk Ki Padmo sukoco disebutake bangsane malaikat,kang kaya wis nate cinarito nggoda lan ngapusi
Bathara Nur Cahyo .Manut panemune penulis ,malaikat iku ana kang bisa diutus dening pangeran,umpamane malaikat jibril,kang tansah manut sarta mituhu dhawuhing gusti kang maha kawasa.,kang kasampiran tugas niti priksa lakuning titah.
Nanging malaikat ngadajil duweni sifat kang seje,sanadyan duwe kaluwihan kang ngedap-ngedapi ,nanging kabeh panggawene mung bakal njomprongake titahe pangeran tumuju marang jurang kasengsaran.
nadyan katone gumebyar endah edi peni nengsemake lan mencutake,nanging pakartine ngadajil kuwi kabeh sulapan kang ateges palsu
Kasunyatan tinemu nalikane sangyang Nur Cahya ketemu malaikat ngadajil ing tuking kali Nil.Dheweke ngerti yen pangeran kang maha wikan kurang kurang rena marang pakartine Ngaddajil.,Sanadyan kang cinepto dadi .Mula gawe rekadaya supaya titah pujangkara padha gelema manembah marang Dheweke.Nuli memba-memba kaya Pandhita kang pinuju olah tapa. Ing sarehne kagunan wayang wis dadi pandoming wong jawa kang padha ulah kautaman,mula lelakone Ngadajil anggone nggoda Sanghyang Nurcahyo iku bisa kapundut sarine,kinaryo lelimbangane ngaurip.Umpamane nalika Sanghyang Sita ya Sanghyang Sis pinaringan garwa dening pangeran ,Dewi Mulat minangka jodhone ,Ngadajil bisa malsu.Anakke wadon kang aran Diajah dimalihake putri endahing warna kang ora geseh karo Dewi Mulat,banjur digawa ono Kahyangane Sanghyang Sis. Sawise Dewi Mulat kang sejati dialing-alingi ,kang dikatonakke malihane Diajah,Sanghyang Sis datan nglegewa lamun kuwi dudu,prandene uga bisa klakon apulang asmoro nganti nggarbeni.
Sawise kuwi dudu Dewi Mulat kang sejati lagi dikatonake .Selagine leluhuri para dewa wae bisa diapusi dening Ngadajil,apamaneh putrane yaa Sanghyang Nurcahyo. Kabeh iku saka nggone nggaduh daya linuwih kang ngedap-ngedapi. Pancen Sanghyang Nurcahyo kagungan klangenan nenepi menyang alas lan pagunungan ,gua malah nggone ngalaya jagad nganti wewengkon ngambalah(ing buku Jitab sara diarani alas Keling )..
Lah kuwi wiwitane Sanghyang NurCahyo antuk guru pandhita malihane Ngadajil.Panjenegane banjur meguru pandhita mau,klakon antuk piwulang warna-warna kang ndadekake Panjenengane Sanghyang Nurcahyo pitoyo ,lan kesengsem banjur tumungkul marang sang Pinandhita. Diwulang iso ngilang, bisa mabur, ambles bumi uga bisa mlebu sorote damar lan uga iso mancala putra mancala putri. Sawise mutus anggone meguru ,nuli kondur ing Kusniyamaleban lan ora lawas Nabi Adam seda.
Ing kono Sanghyang Nurcahyo nuli kagungan penggalih , " Kanjeng Eyang Adam kok bisa seda,mangka yuswane lagi sangang atus sangang puluh warsa.ora wurung mengkone rama lan ibu uga seda,yen aku isih manut agama lan carane kanjeng eyang,rama lan ibu ora wurung yaa podo wae .Yen ngono aku bakal ngupadi ngelmu kang njalari ora bisa lara lan mati ". Kanthi tekad kang pengkuh Sanghyang Nurcahyo nuli tindak lelana maneh.Muga kawuningana ,ing sarehne Panjenengane Sanghyang Nurcahyo wis nampi kaluwihan piwulang Ngadajil,meksa durung trima,kongsi kagungan gegayuhan ora kersa nandang lara lan pati. Yen sesepuh ngandika bakal ngambah alam " TRIMURTI " : urip, lair, mati.
Mangka yen ora kersa mati ,ateges nyalahi kodrat ,ora rumangsa dadi titahing Gusti. Sanadyan panjenengane Sanghyang Nurcahyo uga antuk guru kang njalari ngerti basane Jim,setan sarto kewan ,isih nggayuh ngelmu kang marahake ora bisa mati. Bareng ketemu Haruta lan Haruti banjur diguroni lan nyuwun supaya dituduhake Swargo lan Neroko ,Rehne Haruta lan Haruti iku dewa kang kasiku ing Hyang Giripati ,Hyang Nurcahyo dijomprongake yen nggone Swargo lan Neroko kuwi ono ing Tuking kali Nil.
Tekan tuking kali Nil bisa ketemu putra Adam kang akekasih Lata Walujya,banjur Sanhyang Nurcahyo diparingi ngelmu " bisa persa lelakon sadurunge dumadi " .Ing kono kasaru ana suara kang nguwuh asmane,nuli di goleki jebul ono pandhita tapa ono ing njero geni yakuwi panjelmane Ngadajil uga nuli diguroni ,awit saguh nuuduhake Swargo,diparingi sesotya gambarane swargo,terus didawuhi mlebu.
Ing njero sesotya pirsa Swargo lan Neroko sak isine.Yaa wiwit iku pitoyo yen pandhita mau Pangeraning bumi,mula bareng dingendikani yen sarirane bakal dipanjingi pandhita mau nuli Ngandika " Nurcahyo,yen ingsun wus manjing ing sariranira ,sira wenang angaku yen wujude Pangeran wus aneng sira ".
Rahayune nuli menyang pulo Dewa ketemu marang Prabu Nurradi,nadyan Jim nanging manembah marang Pangeran. yaa Prabu Nurradi kang bangkit melehake yen Nurcahyo dudu Pangeran. Banjur dijodohake karo Dewi Nurrini . " Nur = Pepadhanging Gusti Rini = Wadon , ketemu wadon kang sejati ,kang ngerti manembah mareng Gusti.Ing kono Sanghyang Nurcahyo nuli nggenggono keblasuk marang Gumebyar ,nanging dudu kang sejati.Suka Penggalihe Sanghyang Nurcahyo bisa bali mring kahanan kang sejati,
Sejatine titah kang pana lan sejatine Gusti kang Wasa.
Naskah : Ki Nayantaka

Langganan:
Postingan (Atom)